Rabu, 11 Mei 2016

Teks Panatacara bahasa jawa tentang Maulid Nabi

Assalamu alaikum

Alhamdulillah, alhamdulillahi robbil alamin wabibinastain, ala umurriddun ya waddin, wassholatu wassalamu ala anbiya’I wal mursalin, Winduaji ala alihi washohbihi ajmain.
Ingkang  kawulo hormati, bapak wali kelas sedoso tigo
Ingksng kulo hormati , bapak guru basa jawa.
Siswa siswi ingkang kulo tresnani.
Sapindah, monggo kito sami sareng sareng muji syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito kaselarasan lan keselamatan sahengga kito saged makempal wonten papan panggenan mriki saperlu mangeti pahargian dinten Maulid Nabi.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dumatheng Nabi Muhammad SAW, Keluarganipun, sahabatipun, lan pengikutipun ngantos dumugi hari kiamat.
Sederek sedoyo ingkang kulo hormati, keparing ing mriki kulo selaku Pranoto acara, badhe maosaken acara ing ndalu puniko :
Sepindah, pambuka
Kaping kalih, Waosan Qur’an dening mas Sueb
Kaping tigo, waosan sholawat nabi
Kaping sekawan, waosan tahlil
Kaping gasal, Paring pangandikan saking ketua panitia
Kaping enem, paring pangandikan saking Bapak wali kelas sedoso tigo.
Kaping pitu, waosan donga dening mas Kokola
Kaping wolu, panutup
Maketan susunan adicara ingkang badhe kelampahan.
Monggo kito wiwit adicara meniika kanti waosan basmalah
Bismillahirobbil Alamin
Adicara kaping kalih, waosan Qur’an dumatheng sederek mas Sueb, katur panjenengan kasumanggaken.
Adicara kaping tigo, waosan sholawat nabi dumatheng mba Kinnai, Katur panjenengan, kasumanggaken
Adicara kaping sekawan, waosan Tahlil dumatheng mas Daffa, katur panjenengan, kasumanggaken
Adicara kaping gasal, Paring pangandikan saking ketua panitia dumatheng mas Aziz, katur panjenengan, kasumanggaken
Adicara kaping enem, paring pangandikan saking bapak wali kelas sedoso tigo, dumatheng bapak Qomarudin, katur panjenengan, kasumanggaken
Adicara kaping pitu, waosan donga dumatheng mas Kokola, katur panjenengan, kasumanggaken.
Sedoyo Adicara sampun lumampah lancer, kula minongko pranata adicara nyuwun pangapunten mbok bilih wonten klenta klentung tembung, lan monggo kita sesarengan tutup kanti waosan hamdallah.
Alhamdulillahirobbil Alamin

Wassalamu alaikum.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar